Jumat, 25 September 2009

Jenengku Gemiyen Sudirman


Jenengku siki Manan, lengkape Sismanan tapi mbareng gedhe tur aktif nang organisasi Islam trus maning bapaku ninggal aku pengin nggawa jenenge bapaku sing kethon lewih mambu jeneng Islam dadi tek dawakna maning dadi Sismanan Tauhidin Ahmad . Tapi jane gemiyen pas esih jabang bayi, tur sing dislameti karo tumpeng-urung diaqiqohi- jenengku sing diwei aran Sudirman, jeneng kuwe jeneng sing diwei nang buyutku sing aran Miarja sing jeneng kuwe dijukut sekang aran panglima TNI sing gagah tur kendel. Nanging sebab lara-laraan bae, jerene persis kaya Jendral Sudirman lan manut adat jawa dadi jenengku diganti, terus sing aweh aran Sismanan kuwew Mbahku lanang sing nang Keser Notog sing asmane Yashudi.
Aku dilahirna sekang wong wadon sing jenenge Ditem. Deneng jenenge biyungku njawani banget. Sebab biyungku asline pancen desa sing jan njawa banget, yakuwe Grumbul Kali Tanjung Desa Tambaknegara Kecamatan Rawalo. Aku dewek juga lahir karo cilik nang kana tapi bar kuwe umur 9 tahun aku pindah desane bapaku Desa Kedungwuluh Kidul Kecamatan Patikraja. Bapane aku jenenge Tauchid, kuwe jeneng kawit cilik tap wis kebiasaane wong Jawa gemiyen apa maning nang Kali Tanjung mbarang pengantenan pada ganti jeneng. Bapane aku dadi rubah jeneng Ahmad Tauhidin.
Aku lahir dina Kemis manis tanggal 11 Maret 1976. Aku anak mbarep, mulane aku bisa ngira-ngira, rama karo biyungku goli nikah kurang lewih awal 1975. Menurut critane biyungku nikah jane umure paling umur 15 tahunan, wong esih sekolah SMP tapi metu sebab arep ngantenan karo bapaku. Jaman gemiyen ta biasa nikah muda terus pas ndaftar KUA umure detuwakna karena syarate wong nikah tumrap wong wadon umur 16 tahun lan wong lanang umur 18 tahun. Dadi nganti siki tahun lahire biyungku 1958. Nek ramaku pas nikah pancen wis dewasa sekitar 27 tahun.
Kanggo pepeling lan catetan nggo awaku dewek karo mbok menawane nggo ngerti-ngerti maring anak putuku, aku arep crita sepethil babagan rama biyungku lan keluargane.
Biyungku sing aran Ditem kuwe anake Bapa Sartawi lan biyung Darsem. Bapa Sartawi teksih gesang nganti saiki, banjur biyung Darsem wis seda meh bebarengan karo bapaku tahun 1991. Saiki bapa Sartawi wis umah-umah maning karo Mbok Sartem.
Bapaku sing aran Ahmad Tauhidin kuwe duwe bapa sing gadeh asma Yashudi sing asli wong Keser lan Mbok Aminah sing asli Kedungwuluh. Bapa Yashudi wis nilar dunya pas aku umur 5 tahunan dadi sekitar tahun 1980. Nek mbok Aminah tekan siki esih gesang lan manggon nang kidule umahe Biyungku nang Kedungwuluh Kidul Lebak.
Aku anak barep tur lanang siji-sijine. Adiku wadon loro. Sing siji jenenge Siti Sholihah umure kacek rong tahun karo aku, sing wis bebojoan karo wong lanang sing Jenenge Sudiro sing asline sekang Desa Karanglo Cilongok. Siki adiku wis duwe anak wadon loro. Siji jenenge Lulu umur 8 tahun, sing nomer loro jenenge Jihan umur 3,5 tahun. Adiku sing siji maning ya wadon jenenge Siti Inayah sing nembe umur 18 tahun sing nembe lulus SMA trus siki mulai sekolah nang UMP.

Tidak ada komentar:

Kata Kunci Guru Dalam: Google,artikel,Blogger guru,guru kata,kata guru,guru dai,kata kunci,keywords,sertifikasi guru,artikel,Blogger,guru,guru kata,kata guru,kata kunci,sismanan,mts muhammadiyah patikraja,ma muhammadiyah purwokerto,info banyumas,dai banyumas,sertifikasi guru,patikraja guyub
Flag Counter